Wawancara Kerjaan



Penguji Perusahan = S
Pelamar Kerja = P
S : Kowe duwe omah opo ora?
p : Dereng.
S : Kowe ora iso ketompo nang kene
P : Lho kok ngaten?
S : Mengko kowe mesti ngajukne utang nang perusahaan.
P : Ah.. mboten kok, sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
S : Malah ora ketompo
P : Lho kok ngaten?
S : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong wae, chatting terus.
S : Kowe duwe motor opo ora?
P : Mboten.
S : Ora ketompo
P : Lho kok mboten?
S : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
p : Sak janipun gadhah, ning tasih teng kampung, gampil mangke kulo beto mriki.
S : Wah ora ketompo.
p : Lho kok ngoten?
S : Tempat parkire wis kebak.
S : Kowé wis lulus sarjana tenan?
p : Sampun pak.
S : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan mbayaré murah, tur ora gampang protes.
p : Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi
S : Malah ra ketompo.
p : Lho kados pundi to pak?
S : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo.
S : Kowé seneng guyon ora?
p : Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé.
S : Ra ketompo.
p : Wiiiih lha...kok ngoten?
S : Engko konco2mu lan anak buahmu podho stress.
p : Sakjané nggih sekedhik2 seneng guyon pak, biasa lare pondok.
S : Malah ora ketompo.
p : Lho kok Ngoten ayo?
S : Mengko gaweanmu mung ndagel marahi nguyu terus ora podo kerjo.
S : Anakmu akèh opo sithik ?
p : Kathah pak.
S : Ora ketompo Maneh
p : Sebabipun ?
S : Nyambut gawemu ora tenanan mung mikir gawe anak terus
P : Lha wong namung anak adopsi, kok.
S : Tambah ora ketompo
P : Lho?
S : Gawé anak waé aras2en, opo manèh nyambut gawé .
S : Kowé iso Internét ?
P : Mboten
S : Ora ketompo
P : Sebabipun ?
S : Perusahaan ora nompo Wong GAPTEK alias buto Internet
P : Sakjanipun nggih saget
S : Tambah ora ketompo
P : Lha kok?
S : Mengko gaweanmu mung update status sing lucu.
S : Kowe waras?
P : Waras to Pak.
S : Ra ketompo.
P : Kenging nopo?
S : Mengko kowe ora krasan nang kene.
P : Sakniki pun rodo edan
S : Lah Malah Ra tak tompo
P : Sebab?
S : Mengko aku Lak Yo duwe saingan.
P : Wong Eiiiiiidaaaaan.
S : Ketuk Palu (Blaaaaak!!) Ra Ketompo Kowe Titik, Wes Edan Lambemu Rusak Pisan.
C : %**#*$%*^@*^*^*#

0 Response to "Wawancara Kerjaan"

Post a Comment

Jangan lupa berkunjung kembali yaa :)